Pekalongan iku dikenal karo kutha batike, uga ana siji
tradisi sing diadakake tiap taun sakwise hari raya idul fitri. Masyarakat
kasebut nyebute syawalan, tradisi syawalan ing Pekalongan meh mirip kaya tradisi-tradisi
ing masyarakat daerah liyane. Sejarah tradisi syawalan diadakake ben pitung
dina sakwise idul fitri, alias tanggal wolu syawal. Tradisi kaya ngana iku wis
ana taun 1885 sing konon diprakarsai karo KH Abdullah Siradj sing kalebu salah
sijine keturunan Senopati Mataram, syawalan awale kanggo rasa toleransi duwur
kanggo ngurmati muslim-muslimah sing poso syawal sakwise poso romadhon.
Masyarakat Pekalongan biyene biasa ngelakokake poso syawal nem dina langsung
sakwise bodho, dadi mulai loro syawal nganti tanggal pitu syawal. Sahengga pas
wektu bodho maupun sakwise mereka ora ngerayake kanthi mewah karo
mangan-mangan, baru sakwise poso syawal rampung mereka ngerayake bareng-bareng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar