Senin, 28 Desember 2015

MANGKUNEGARAN LAIRKE RAGAM WARISAN BUDAYA

Pura Mangkunegaran ora bisa dipungkiri ing dalane sejarah wis ngelairke ragam warisan budaya, nganti kreasine ora sekedar produk seni lan budaya biyasa wae. Nanging duwe nilai sing cukup dhuwur. Dadi ora heran yen pemerintah kutha Solo belakangan iki cukup rajin gelar perhelatan akbar bertajuk Mangkunegaran Performing Art kanggo upaya nguri-uri alias ngelestarike seni lan budaya keraton, agenda taunan sing biyasane diadakake ing wayah bengi. Dadi ajang kanggo ngenalke akehe kreasi peninggalan keraton ing masyarakat.

            Menurut panitia Mangkunegaran Performing Art, Jatmiko. Ing masa pemerintahane Mangkunegara kanggo nggojek tampuk kekuasaan berhasil mengkreasike macem seni tari lan karawitan sing duwe nilai budaya dhuwur, termasuk ngasilke maceme variasi kuliner sing iseh bisa ditemoni nganti sak iki. Adapun sejumlah tarian kreasi Pura Mangkunegaran sing terus dilestarike nganti sak iki, yaiku Tari Golek Sukoreno, Tari Mandrarini, Tari Harjuna Newata Kawaca, Tari Bedhaya sarta Tari Sobrak. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar