Meh padha karo Ludruk , ketoprak yaiku drama tradisional
sing dilakokake karo grup kesenian lan dipenraske ing panggung karo jupok
cariyos saka sejarah , cariyos oanji, dongeng lan liyane karo dikai lawakan.
Ketoprak muncul saka taun 1922 wektu masa Mangkunegaran, kesenian iki diiringi
musik saka gamelan sing berupa lesung, alu, kendang, lan suling. Amarga cariyos
utawa pantun-pantune merupakan sindiran karo Pemerintah utawa Kerajaan dadi
kesenian ketoprak iki dilarang, nanging kesenian rakyat iki akhire tetep
berkembang ing desa utawa pesisiran. Sak wise tekan ing Yogyakarta ketoprak
disempurnake karo iringan gamelan Jawa lengkap karo tema cariyose jupok babad
sejarah, cariyos rakyat utawa kerajaan dewe. Ketoprak iki dilakokake karo
beberapa wong sesuai karo keperluan cariyose. Ana uga ciri khas saka ketoprak
iki dilakokake karo dialog basa Jawa, tema cariyos ing pertunjukan ketoprak
macem-macem. Biyasane dijupok saka cariyos legenda utawa sejarah Jawa, akeh uga
dijupok cariyos luar negeri. Nanging tema cariyos ora pernah dijupok saka
reporter cariyos epos (wiracarita) kayata Ramayana lan Mahabharata, amarga
mengko pertunjuka ora ketoprak maneh ngelainke dadi pertunjukan wayang wong.
Jenise ketoprak :
a. Ketoprak
lesung
b. Ketoprak
gamelan
c. Modernisasi
ketoprak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar