Senin, 28 Desember 2015

TRADISI BUDAYA SADRANAN ING KUTHA PEKALONGAN

Sadranan yaiku tradisi masyarakat nelayan kanggo mensyukuri asil laut sing dewene oleh saka laut, bentuk rasa syukur diwujudkake ing salah siji acara sing ngelibatke kabeh nelayan sarta keluargane. Kanggo nelayan daerah Pekalongan, sadranan utawa sedekah laut biasane dilakokake setiap taun. Perayaan sadranan ing kana dilakokake bareng karo perayaan dina pelayan, utawa dina koperasi, utawa pitulas agustusan.
            Miturut harfiah, sedekah laut asale saka tembung sodaqoh sing artine nyisihke sebagian rezaki sing dewe oleh sing kemudian dikek.e karo wong-wong sing butuhake. Rezeki sing diperoleh saka Allah anggo pegawean ngelaut ikulah sing lomba, pasar murah, perunjukan kesenian, lan liya-liyane. Ing acara sadranan kasebut, kabeh masyarakat nelayanora ngelakokake ritual.

            Tembung ritual asale saka tembung “spiritual” yaiku aliran ing ilmu kasunyatan sing memungkiri kejasmian lan ngupas kabehane biyen nganti sak iki, macem-macem symbol sing diwujudkake ing ritual sadranan kayata sumber kauripan dilambangke karo air sing dijupok saka pitu sumber, kasenengan disimbolkake saka dolanan anak-anak, keselamatan sing dilambangke karo bubur abang putih, pelestarian alam sing dilambangke ikan, pangorbanan lan keikhlasan dilambangke ndas kebo, kemuliaan dilambangke karo bentuk duet, umah, janur kuning lan bumbu kuning , sarta keteladanan sing dilambangke karo wit pisang, pail an tebu. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar