Senin, 28 Desember 2015

KIRAB SEWU APEM

Kirab sewu apem yaiku acara ritual syukuran masyarakat kampong sewu, Solo, Jawa Tengah sing diadakake tiap wulan kaji (wulan zulhijah-kalender penanggalan islam).

            Ritual syukuran iku diadakake kanggo ngenalke kampong Sewu kanggo sentra produksi apem karo kabeh masyarakat sekalian ngregani para sing gawe ape, selaen iku upacara ritual syukuran iki digawe kanggo ungkapan rasa syukur karo Tuhan. Amarga desa lan tempat tinggal mereka kehindar saka benca, jare ketua panitia apem sewu pak Hadi Sutrisno “letak kampong Sewu Solo iki anane ing pinggir kali Bengawan Solo iku termasuk daerah sing sering banjir.” Makane masyarakat mensyukuri, tradisi apem sewu awale saka amanah sing disampekake Ki Ageng Gribig karo kabeh warga kanggo gawe 1000 apem lan bagekake karo masyarakat kanggo wujud rasa syukur. Wis zamane modern, ritual kirab apem sewu iki diawali karo kirab budaya warga Solo sing nganggo kelambi adat Solo. Kayata kebaya, tokoh punakawan, lan pasukan keratom. Bocah-bocah sekolah uga dadi peserta kirab karo nampilake marching band SD, atraksi naga, macem-macem pertunjukan tarian tradisional lan teater. Sewu apem sing wis disusundadi gunungan iku diarak saka lapangan kampong Sewu nganti area sekitar kampong sakdawanane loro kilometer, acara kirab dimulai nganti sedina. Sing dimulai karo prosesi nyerahake bahan panganan (uba rampe)sing gawe apem saka masyarakat Solo karo sesepuh kampong Sewu ing lapangan kampong Sewu, Solo. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar