Senin, 28 Desember 2015

NALENI UTAWA LAMARAN

Naleni yaiku tradisi sak durunge nikahan ing daerah Pekalongan, naleni iki biyasane diadakake ing desa-desa. Yen ing kotane dewe ya arane lamaran, nanging setiap desa kadang arane bedha-bedha. Barang sing biyasa dinggo ing acara naleni iki yaiku jajanan sing diwadahi ing toples utawa blek, wedhus, lan bahan masak kaya beras. Acara naleni iki sing teka kuwi udu keluarga calon manten lan udu mantene uga, nanging sing teka kuwi tangga-tanggane lan sing nggo perwakilan kanggo nyerahke barang sing kadi calon manten lanange yaiku sedulure. Dadi naleni lan lamaran kuwi bedha acarane, yen lamaran kuwi kan biyasane sing teka keluarga lanange lan calon manten lanang.
            Naleni iki diadakake kanggo naleni calon manten wedok, supaya wedoke kuwi rak bisa dijupuk wong liya. Ing acara iki biyasane keluarga wedoke wektu nyambut saka keluarga lanang yaiku padha masak-masak lan nyiapkake kanggo sangu baline keluarga lanange kuwi kanggo ngurmati saka keluarga lanange, wektu wis melbu kuwi acarane nyerahke barang sasrahan saka lanange reng keluarga wedoke. Wektu wis ditampa keluarga wedoke, keluarga lanange takon ing keluarga wedoke yen wis siap durung nerima lamaran saka keluarga lanange. Wis rampung acara takon-pitakon keluarga wedoke ngetokake panganan kanggo tamu, lan para tamu padha mangan ing kana karo ngenteni jawaban saka keluarga wedoke. Rampung mangan keluarga wedoke metu lan jawab saka pitakonan saka keluarga lanange, yen keluarga wedoke nerima lamarane. Sasrahan mau diterima, nanging yen ora nerima lamarane sasrahan mau dibalekake ing keluarga lanange.

            Rampung acarane, tinggal nyiapke acara kanggo nikahane. Biyasane acara nikahane kuwi luwih suwi saka acara lamarane, amarga kudu siap mental lan kudu siap keuangane. Ing desa Pekalongan rak ana sing arane tunangan, biyasane bar ditaleni utawa dilamar langsung nikah rak tunangan dike. Nanging yen ing kotane kayane ijek ana acara tunangan, yen ana acara tunangan bearti rak ana acara lamaran. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar