Senin, 28 Desember 2015

MUSIK TRADISIONAL LAN PAKAIAN ADAT SAKA JAWA TIMUR

Musik tradisional Jawa Timur meh padha karo musik gamelan Jawa Tengah, kayata macem laras (tangga nada) sing digunakake yaiku gamelan berlaras pelog lan berlaras slendro. nama-nama gamelan sing ana misale : gamelan kodok ngorek, gamelan munggang, gamelan sekaten lan gamelan gede.
gamelan iki digunakake kanggo ngiringi macem acara, kayata ngiringi pagelaran wayang kulit, wayang wong, ketoprak,tari-tarian, upacara sekaten, kawinan, khitanan, keagamaan, lan kenegaraan. ing Madura musik gamelan sing ana diarani gamelan Sandur. 

pakaian adat Jawa Timur diiarani mantenan, pakaian iki sering digunakake pas kawinan ing masyarakat Magetan Jawa Timur. 



SEJARAH GAMELAN JAWA

Awale alat musik instrument gamelan digawe berdasarkan relief sing ana ing Candi Borobudhur ing abad ke-8, ing relief iki candi kesebut. Ana beberapa ana alat musik sing terdiri saka kendang, suling, dawai lan lonceng.

Gamelan jawa yaiku budaya Hindhu sing diubah Sunan Bonang, kanggo dorong katresnan ing kauripan transedental (alam malakut) tombo ati yaiku salah sijine karya Sunan Bonang. Nganti sak iki tembang kasebut iseh dilagukake karo nilai ajaran islam,  uga ing acara-acara kayata : wayang, hajat nikahan lan acara ritual budaya Keraton. 

MACEM-MACEM ALAT MUSIK JAWA TENGAH

Alat musik ing Jawa Tengah kuwi akeh banget, biyasane alat musik iki kanggo ngiringi tarian, acara ketoprak, acara wayang, lan liya-liyane. Kayata :
1.    Kendhang / gendhang
Kendhang utawa gendhang iki alat musik sing dimainke karo acara dipukul utawa ditepak nganggo telapak tangan, gendhang iki digawe saka kayu lan kulit kewan. Fungsine gendhang ing gamelan jawa yaiku kanggo ngatur tempo utawa irama lagu ing pas gamelan mulai.
2.    Bonang
Bonang yaiku instrument musik sing dimainke karo cara dipukul nganggo alat sing nggo mukul, bonang digawe saka perunggu, kuningan lan besi. Ing gamelan jawa dikenal karo istilah bonang barung lan bonang penerus.
3.    Saron
Saron yaiku salah sijine instrument gamelan sing kalebu  keluarga balungan sing dimainke karo cara dipukul. Saron digawe saka lembaran logam, pemukule gawean saka kayu.
4.    Demung
Demung yaiku alat musik gtradisional Jawa Tengah sing bentuke padha kaya saron nanging luwih gedhe. Biyasane yen digunakake kanggo acara, demung iku kudu ana loro yaiku slendro lan laras pelog
5.    Kenong
Kenong yaiku alat musik tradisional Jawa Tengah sing fungsine kanggo nentukake bates gatra lan negaske irama, kenong diunike secara dipukul. Alat iki uga dipukul nganggo alat pukul saka kayo lan dililitke kain.
6.    Slenthem
Merupakan salah sijine instrument / alat musik tradisional saka Jawa Tengah, sing terdiri saka lembaran logam tipis sing diuntai tali lan direntangke ing dhuwur tabung-tabung. Diunike secara dipukul, lan ngasilke dengungan rendah utawa gema sing ngikuti nada saron, ricik, lan balungan.
7.    Gong lan kempul
Gong lank empul merupakan alat musik tradisional Jawa Tengah, sing digawe saka timah lan tembaga. Dimainke karo cara dipukul, instrument gong terdiri saka kempul, gong suwukan, gong berlaras barang, gong gedhe.
8.    Gambang
Gambar merupakan alat musik tradisional saka Jawa Tengah, sing digawe saka bahan kayu. Berbentuk rangkaian utawa deretan bilah-bilah nada sing jumlahe rong puluh bilah. Cara ngunikake gambang yaiku dipukul karo khusus gambang.
9.    Siter
Merupakan alat musik tradisional saka Jawa Tengah, sing sumber munine yaiku kawat. Teknik nabuhe karo cara dipetik.
1. Suling

Jenis instrument saka Jawa Tengah, suling digawe saka bambu wuluh utawa peralon sing dibolongi kanggo ngetoke nada. Suling iki dimainke karo cara ditiup. 

MODERNISASI KETOPRAK

            Seiring berkembange jaman, budaya-budaya tradisional kudu entok berkompromi lan beradaptasi karo jaman sak iki. Supaya mereka bisa bertahan, modernisasi iki burtujuan supaya budaya tradisional Indonesia ora punah. Beberapa tayangan ing televise sing berhasil pertahanke budaya ketoprak yaiku ketoprak jenaka, ketoprak humor, ketoprak canda, ketoprak jampi setres lan ketoprak plesetan. Tayangan-tayangan televise ing duwur wis diubah sedemikian sahengga mereka bisa beradaptasi karo jaman sak iki, nanging ora kelangan esensi mereka dadi kebudayaan tradisional. 

KETOPRAK GAMELAN

Meskipun merupakan perkembangan luwih lanjut ketoprak lesung nanging fungsi pertunjukan ketoprak gamelan iki ora berubah, yaiku kanggo hiburan masyarakat. Sing kadang-kadang nyelipke penerangan saka pemerintah karo mereka, Cuma cariyos sing dimainke ing ketoprak gamelan iki luwih akeh sing dijupok saka cariyos babad babagan kerajaan-kerajaan sing wis ana. Terutama ing Jawa, kanggo mentaske ketoprak diperlukake penduduk sak akehe 34 wong pemain, penabuh gamelan, waranggana, lan dalang.

            Suwi pertunjukan kanggo tiap pementasan mencapai 7 nganti 8 jam, lan bisa dilakokake baik sing maupun bengi. Ing pertunjukan ketoprak iki para ackor biyasane berpedoman karo naskah singkat sing digawe karo dalang, naskah iki Cuma isine pedoman babagan adegan apa wae sing kudu ditampilke saka inti cariyos sing dipentaske. Dialog, blocking lan liya-liyane permainan ing panggung sepenuhe dilakokake karo pemain secara improvisasi. Ketoprak iki nggunakake alat musik sing berupa gamelan Jawa lengkap pelog lan slendro, utawa slendro wae. Ketoprak gamelan bisa dimong kanggo drama tradisional sing biyasane jupok cariyos babagan kerajaan-kerajaan wektu biyen, sak durunge permainan utama ketoprak dimulai. Biyasane disuguhi luwih disek pertunjukan ectra kayata tari-tarian sing ora ana hubungane karo cariyos sing bakal dimainke. 

KETOPRAK LESUNG

Sesuai karo namane, alat musik sing digunakake ing ketoprak iki kayata saka lesung, kendang, terbang lan suling. Cariyose sing digawake yaiku kisah-kisah rakyat sing berkisar karo kauripan ing pademanga-pademangan, wektu para demang ngomongke masalah penanggulangan hama sing iseh melanda ing desa mereka utawa cariyos-cariyos babagan pak tani lan mbok tani ngolah sawah mereka. Oleh sebab iku kostum sing dinggo kayata keadaan mereka keterusan kanggo penduduk desa, ditambah karo sitik make up sing bersifat realis.

            Kanggo mentaske ketoprak lesung dinutuhake sakakehe 22 wong, yaiku 15 wong kanggo main (lanang lan wedok) lan 7 wong kanggo dolanan musik. Ing pertunjukan iki ora dikenal anane vokalis utawa waranggana, vocal kanggo ngiringi musik dilakokake bareng-bareng oleh pemusik utawa pemain. Pertunjukan ketoprak lesung iki nggunakake pentas berupa arena karo desain lantai sing bentuke bunder, nganti sak iki ketoprak lesung sing iseh ana mempertahanke alat penerangan kayata obor. Nanging ana uga ketoprak lesung sing nggunakake lampu, salah siji bedane ketoprak lesung karo ketoprak gamelan yaiku anane unsur tari. Wektu melbu utawa metu panggung utawa kegiatan liyane pemain ketoprak lesung ngelakoke karo tarian sing sifate improvisasi. 

ASAL MULA KESENIAN KETOPRAK

Meh padha karo Ludruk , ketoprak yaiku drama tradisional sing dilakokake karo grup kesenian lan dipenraske ing panggung karo jupok cariyos saka sejarah , cariyos oanji, dongeng lan liyane karo dikai lawakan. Ketoprak muncul saka taun 1922 wektu masa Mangkunegaran, kesenian iki diiringi musik saka gamelan sing berupa lesung, alu, kendang, lan suling. Amarga cariyos utawa pantun-pantune merupakan sindiran karo Pemerintah utawa Kerajaan dadi kesenian ketoprak iki dilarang, nanging kesenian rakyat iki akhire tetep berkembang ing desa utawa pesisiran. Sak wise tekan ing Yogyakarta ketoprak disempurnake karo iringan gamelan Jawa lengkap karo tema cariyose jupok babad sejarah, cariyos rakyat utawa kerajaan dewe. Ketoprak iki dilakokake karo beberapa wong sesuai karo keperluan cariyose. Ana uga ciri khas saka ketoprak iki dilakokake karo dialog basa Jawa, tema cariyos ing pertunjukan ketoprak macem-macem. Biyasane dijupok saka cariyos legenda utawa sejarah Jawa, akeh uga dijupok cariyos luar negeri. Nanging tema cariyos ora pernah dijupok saka reporter cariyos epos (wiracarita) kayata Ramayana lan Mahabharata, amarga mengko pertunjuka ora ketoprak maneh ngelainke dadi pertunjukan wayang wong.
            Jenise ketoprak :
a.    Ketoprak lesung
b.    Ketoprak gamelan

c.    Modernisasi ketoprak 

SANGGAR TARI SOERYA SUMIRAT ING MANGKUNEGARAN

Sanggar tari soerya sumirat digawe karo Gusti Pangeran Haryo lan Herwasto Kusumo (alm) taun 1982 ing Pura Mangkunegaran Solo, awale sanggar tari iki namane sanggar tari Dipra. Seiring wektu berjalan lan akehe peminat terus sanggar tari iki diganti karo Suryo Sumirat. Para siswa sing melu ing sanggar tari Soerya Sumirat terdiri saka anak-anak nganti wong dewasa, ana uga materi sing diajarke ing sanggar iki yaiku tari-tari klasik. Selain diajarke kepriye cara nari. Ing sanggar iki sekalian diajarke babagan kemandirian ing berpakaian lan ngerias dewe, nganti para siswa uga diajarke kepriye mahami desain pakaian sing bakal dienggo. Sahengga mereka terkadang kudu bisa gawe dewe meski pelatih sing ngerancang.

            Ing sanggar tari Soerya Sumirat acara latian dilakokake 2 kali seminggu karo durasi wektu masing-masing 2 jam, jumlah pelatih ing sanggar jumlahe 8 wong sebagian gedh merupakan alumnus STSI (Sekolah Tinggi Seni Indonesia) sing saat iki ganti nama dadi ISI Surakarta. Panggonan latian sanggar tari Soerya Sumirat ing ana ing Prangwedanan Mangkunegaran, sebuah panggonan latian sing sangat strategis  amarga ana ing pusat kutha Solo. Sedangkan kegiatan evaluasi latian dilakokake setiap 4 wulan sekali, karo dana sing biasane entuk saka para donator lan iuran siswa-siswi sanggar. 

PERAN ABDI DALEM WANITA MANGKUNEGARAN ING BUDAYA FEODAL JAWA LAN BUDAYA MODERN

A.  Kedudukan abdi dalem wanita ing Mangkunegaran
            Kedudukan abdi dalem wanita ing jero Istana Mangkunegaran ana stratifikasi social sing nentuke kedudukan seorang ing lingkungan kasebut, stratifikasi ing Mangkunegaran dibagi dadi loro, yaiku stratifikasi lapisan dhuwur lan stratifikasi lapisan ngisor. Lapisan dhuwur yaiku KGPAA Mangkunegaran kanggo nggojek kekuasaan paling dhuwur ing Mangkunegaran, terus sing ana ing ngisore yaiku golongan Sentana sing terdiri saka anak-anak keturunan KGPAA Mangkunegaran nganti pas tingkat buyut. Tingkat berikute, yaiku para punggawa prajan sing terdiri saka para nara praja lan legion. Terus tingkat paling ngisor yaiku abdi dalem , ing Istana Mangkunegaran abdi dalem dibedakake dadi loro stratifikasi yaiku stratikasi dhuwur lan stratifikasi ngisor.

B.  Peranan abdi dalem wanita Ing Mangkunegaran
Peranan merupakan aspek dinamis kedudukan, apabila seseorang ngelakokake hak lan kewajiban sesuai karo kedudukan sing diduweni. Maka secara ora langsung berarti jalanke suatu peranan, setiap wong duweni macem-macem peran sing asale saka pola-pola pergaulan urip. Pentinge peranan yaiku kanggo ngatur perilaku seseorang karo tuan supaya bisa nyesuaike perilaku dewe karo perilaku kelompok , kaitane karo kauripan ing Mangkunegaran. Abdi dalem wanita duweni macem peranan sing dijalanke, kayata :
1)    Kanggo pendidikan informal
2)    Melu melestarike kebudayaan



MANGKUNEGARAN LAIRKE RAGAM WARISAN BUDAYA

Pura Mangkunegaran ora bisa dipungkiri ing dalane sejarah wis ngelairke ragam warisan budaya, nganti kreasine ora sekedar produk seni lan budaya biyasa wae. Nanging duwe nilai sing cukup dhuwur. Dadi ora heran yen pemerintah kutha Solo belakangan iki cukup rajin gelar perhelatan akbar bertajuk Mangkunegaran Performing Art kanggo upaya nguri-uri alias ngelestarike seni lan budaya keraton, agenda taunan sing biyasane diadakake ing wayah bengi. Dadi ajang kanggo ngenalke akehe kreasi peninggalan keraton ing masyarakat.

            Menurut panitia Mangkunegaran Performing Art, Jatmiko. Ing masa pemerintahane Mangkunegara kanggo nggojek tampuk kekuasaan berhasil mengkreasike macem seni tari lan karawitan sing duwe nilai budaya dhuwur, termasuk ngasilke maceme variasi kuliner sing iseh bisa ditemoni nganti sak iki. Adapun sejumlah tarian kreasi Pura Mangkunegaran sing terus dilestarike nganti sak iki, yaiku Tari Golek Sukoreno, Tari Mandrarini, Tari Harjuna Newata Kawaca, Tari Bedhaya sarta Tari Sobrak. 

SENI TARI ISTANA MANGKUNEGARAN

Kanggo pusat kesenian lan kebudayaan, istana yaiku panggonan sing cocok lan lahan sing subur kanggo pertumbuhan lan perkembangan. Hal iki panyebab istana merupakan pusat anutan lan style sing terus memancar metu nganti adoh nimbus ing pelosok-pelosok, Mangkunegara IX ing babagan kesenian tar iwis mahir karo peran bambangan yaiku seorang satria lemah lembut lan alus ing pertunjukan seni wayang, mesti bertempur karo raksasa sing kasar lan emosinan.

            Peran bambangan iki ora gampang diperanke berhubung kanggo capai tingkat kealusan sing optimal, sakliyane karakter pemeran uga latian sing terus-terusan kanggo capai tingkat sing meh cedak kesempurnaan layak tampil.

SOLO KUTHA BUDAYA

Solo merupakan kutha kebek nuansa sejarah lan budaya, duweni tradisi jawa sing disenengi masyarakat. Panggonan sing bakal anda senengi karo maceme atraksi warisan budaya jawa kuna, paling ora sedina kudu anda sisihke kanggo ngerasake kabeh sajian wisata sing apik ing kene. Saka jelajahi kutha karo delok keraton, ngunjungi pasar tradisional, belanja batik lan kerajinan sing berkualitas, delok atraksi tarian solo sing penuh keagungan, wayang kulit, kuliner sing enak, lan tentune berkomunikasi langsung karo masyarakat sing ramah.

            Kutha Solo utawa disebut uga Surakarta yaiku kutha kuna sing dibangun Paku Buwana II, riwayat kutha iki ora bisa ucul saka sejarah Keraton Kasunan Surakrta Hadiningrat sing merupakan penerus Kerajaan Mataram Islam. Surakarta dikenal kanggo salah siji pusat lan inti kebudayaan Jawa kuna, amarga secara tradisional merupakan salah siji pusat politik lan pengembangan tradisi jawa. Kemakmuran wilayah iki saka abad ke-19 wis dorong berkembange berbagai literature basa Jawa, tarian, panganan, pakaian,, arsitektur, lan macem-macem asil budaya apik laine. 

GREBEG SUDIRO SAKA SOLO

Yaiku perayaan ding diadakake kanggo memperingati taun baru imlek kanggo perpaduan budaya Tionghoa-Jawa, festival sing dimulai wektu 2007 iki biyasa dipusatke ing daerah Pasar Gedhe lan Blong (ing kelurahan Sudioprajan) lan balai kota Solo.

            Ing Grebeg Sudiro gunungan digawe saka ewonan kue keranjang, kue khas wong Tionghoa pas nyambut imlek. Gunungan iki diarak ingsekitar kawasan Sudiroprajan, diikuti pawai saka kesenian Tionghoa lan Jawa. Saka kesenian barongsai, tarian, pakaian tradisional, adat keraton nganti kesenian kontemporer bakal dilakokake ing dalan kawasan Sudiroprajan. Arak-arakan bakal mandek ing ngarep klenteng Tien Kok Sie ing ngarep pasar gedhe, perayaan akhire karo nyalakake lentera utawa lampion bentuke teko sing digantung ing duwur pintu gerbang pasar gedhe. Penyalaan iki uga dimelui penyalaan lampion ing panggonan liyane. 

SOLO BATIK CARNAVAL

Yaiku sebuah festival taunan sing diadakake karo pemerintah kutha Surakarta karo nggunakake batik kanggo bahan utama gawean kostum, para peserta karnaval bakal gawe kostum karnaval nganggo tema-tema sing wis ditentukake. Para peserta bakal nggunakake kostume dewe-dewe lan mlaku ing dhuwur catwalk sing ana ing dalan Slamet Riyadi, karnaval iki diadakake tiap taun ing wulan juni. 

KIRAB PUSAKA 1 SURO

Yaiku sing ditujukake kanggo ngerayake taun baru 1 suro, dalan sing di nggo lewat kurang luwih 3km. yaiku Keraton – alun-alun utara – Gladak – Jl. Mayor Kusmanto – Jl. Kapten Mulyadi – Jl. Veteran – Jl. Yos Sudarso – Jl. Slame Riyadi – Gladak terus bali neh ing Keraton, pusaka-pusaka sing duwe daya magis kasebut digawa karo para abdi dalem sing nganggo busana adat Jawa lengkap. Kirab sing ing ngarep yaiku sekelompok kebo bule namane Kyai Slamet, sedangkan barisan para sing gawa pusaka ana ing burine. Acara iki dilakokake karo keraton Surakarta lan Puro Mangkunegaran sing dilakokake wektu bengi arep tanggal 1 suro.

BUDAYA SEKATEN

Sekaten yaiku perayaan sing dilakokake tiap wulan mulud kanggo memperingati laire Nabi Muhammad SAW, ing tanggal 12 mulud dilakokake Grebeg Mulud. Terus diadakake pesta rakyat nganti rong minggu, selama rong minggu iki pesta rakyat diadakake ing alun-alun utara. Pesta rakyat nyajikake pasar malem, arena dolanan anak lan pertunjukan-pertunjukan seni lan acrobat. Wektu dina terakhir Sekaten, diadakake bali acara Grebeg Maulud ing alun-alun utara.
            Rangkaian ritual adat Grebeg Mulud yaiku :
1.    Tabuhan gamelan pusaka Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari.
2.    Jamasan meriam pusaka Kyai Setomi
3.    Balikake gamelan pusaka reng jero Keraton
Ngai sedekah Raja berupa gunungan ing Masjid Agung

KESENIAN TARI SAMPROH LAN SINTUDUROR ING PEKALONGAN

            Samproh yaiku kesenian tradisional sing saka islam, sing anggotane wong wadok lan diiringi musik kayata rebana. Simtuduror uga merupakan kesenian tradisional sing saka islam karo nggunakake rebana lan jidor kanggo alat musike, kesenian iki anggotane antara 15wong – 20wong. Karo diiringi musik mereka ngelagukake puji-pujian utawa sholawatan kanggo ungkapan syukur lan permohonan keselamatan dunia lan akhirat karo Allah SWT, kesenian iki biyasa digunakake kanggo buka acara khajatan utawa selametan sing dilakokake karo warga masyarakat Pekalongan sing terkenal karo ketaatane wektu jalanke perintah agama (sumbe5 kantor pariwisata lan kebudayaan). 

KESENIAN TARI SINTREN SAKA KABUPATEN PEKALONGAN

Sintren yaiku kesenian tradisional masyrakat Pekalongan lan sekitare, tari sintren yaiku tarian sing berbau cariyos katresnan Sulasih lan Sulandono. Kasebut ing kisah yen Sulandono yaiku putra Ki Baurekso asil kawinane karo Dewi Rantamsari, Raden Sulandono memadu kasih karo Sulasih seorang putri saka desa Kalisalak. Nanging hubungan asmara kasebut ora entuk restu saka Kir Baurekso, akhire R.Sulandono lunga bertapa lan Sulasih milih dadi penari. Pertemuan antara kelorone iseh terus ketemu nganggo alam ghaib, pertemuan kasebut diatur karo Dewi Rantamsari ngeleboke roh bidadari ing tubuhe Sulasih, pas kuwi R.Sulandono sing iseh bertapa diundang roh ibune kanggo nemoni Sulasih lan kedadean ketemune antara Sulasih karo R.Sulandono.

            Kesenian iki wis dikenal lan popular ing daerah Pantura apamaneh Karesidenan Pekalongan, wektu jaman biyen acara sinter iki digunakake kanggo acara hiburan lan ajang komunikasi wong nom-nom kanggo golek jodoh. Selain kuwi tari sintren iki iseh sering dipentaske pas dina-dina besar Nasional sarta kanggo nyambut tamu resmi. Kutha Pekalongan kaya karo acara budaya tradisional, tradisi iki tetep kepelihara secara turun temurun ing kurun wektu sing suwi. Para wisatawan sing kebetulan delok ing acara-acara tradisional iki, bisa melu delok dalane upacara sing lumayan menarik lan unik. Macem-macem acara tradisi iki kayata yaiku SYAWALAN / KRAPYAKAN (lapis raksasa), syawalan yaiku tradisi masyarakat kutha Pekalongan khususe masyarakat daerah Krapyak ing bagian utara kutha Pekalongan. 

SENI TRADISIONAL JAWA

Seni tradisional Jawa yaiku karya seni sing diciptakake lan asale saka Pulau Jawa, Indonesia. Tuladhane saka seni tradisional Jawa kayata tari gambyong, kesenian tradisional saka Jawa akeh maceme. Nanging secara umum budaya kesenian Jawa ana telu kelompok gedhe yaiku Banyumasan (Ebeg), Jawa Tengah lan Jawa Timur ( Ludruk lan Reog).
·     Tari : -    Tari angguk saka Yogyakarta
-       Tari bambangan cakil saka Jawa Tengah
-       Tari ebeg saka Banyumas
-       Tari golek menak saka Yogyakarta
-       Tari kridhajati saka Jepara
-       Tari kuda lumping saka Jawa Tengah
-       Tari Reog saka Jawa Timur
-       Tari remo saka Jawa Timur
-       Tari sinten saka Jawa Tengah

·      Musik : Langgam Jawa yaiku bentuk adaptasi musik keroncong dadi musik tradisional Jawa, khususe gamelan , 

BUDAYA JAWA

Budaya Jawa yaiku budaya sing asale saka Jawa lan dianut karo masyarakat Jawa khususe ing Jawa Tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur. Budaya Jawa dibagi dadi telu yaiku budaya Banyumasan, budaya Jawa Tengah-DIY lan budaya Jawa Timur. Budaya Jawa ngutamake keseimbangan, keselarasan lan keserasian ing kauripan saben dinane. Budaya Jawa sakliyane ana ing Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Timur ana uga ing daerah perantauan wong Jawa yaiku ing Jakarta, Sumatera lan Suriname. Apa maneh budaya Jawa kalebu salah siji budaya ing Indonesia sing paling akeh disenengi ing luar negeri, werna-werna budaya Jawa sing disenengi ing luar negeri yaiku wayang kulit, keris, batik, kebaya lan gamelan.

            Ing Malaysia lan Filipina dikenal istilah keris amarga pengaruh Majapahit, LSM kampung halaman saka Yogyakarta sing nggunakake wayang remaja yaiku LSM Asia pertama sing nerima penghargaan seni saka Amerika Serikat taun 2011. Gamelan Jawa dadi pelajaran wajib ing Amerika Serikat, Singapura, lan Selandia Baru. Gamelan Jawa rutin dianakake ing Amerika Serikat lan Eropa sak jaloke warga Amerika Serikat lan Eropa, Sastra Jawa Negarakretagama dadi salah sijine karya satra Indonesia sing akui UNESCO kanggo memori dunia. 

TRADISI LAN BUDAYA PEKAN BATIK NUSANTARA ING KUTHA PEKALONGAN

Acara Pekalongan pecan batik nusantara yaiku salah siji acara sing wis biyasa dilakokake ben taun, lan biyasane akhir taun. Pekan batik nusantara diadakake ing daerah jetayu, Pekalongan. Ing ivent iki maceme batik saka macem pengrajin , pengusaha lan macem ivent iki tentune diadakake kanggo ngelestarike, promosi lan nambah nyerahke nama batik sing sangat khas saka Indonesia dikancah pasar dunia sing selama iki wis dikenal ing negara liya. Khususe batik saka daerah Pekalongan .
            Rangkaian acara sing bakal dilakokake ing ivent pecan batik nusantara :
1.    Pameran batik nusantara
2.    Festival kuliner
3.    Indonesia welcome dinner lan fashion show
4.    Visit Pekalongan great sale
5.    Festival lampion
6.    Gelar seni lan budaya
7.    Pekalongan batik karnaval
8.    Kontak bisnis batik nasional
9.    Lomba desain motif seragam batik
1. Lomba stand paling apik

1. Teatrikal batik on the street

TRADISI SYAWALAN ING KUTHA PEKALONGAN

Pekalongan iku dikenal karo kutha batike, uga ana siji tradisi sing diadakake tiap taun sakwise hari raya idul fitri. Masyarakat kasebut nyebute syawalan, tradisi syawalan ing Pekalongan meh mirip kaya tradisi-tradisi ing masyarakat daerah liyane. Sejarah tradisi syawalan diadakake ben pitung dina sakwise idul fitri, alias tanggal wolu syawal. Tradisi kaya ngana iku wis ana taun 1885 sing konon diprakarsai karo KH Abdullah Siradj sing kalebu salah sijine keturunan Senopati Mataram, syawalan awale kanggo rasa toleransi duwur kanggo ngurmati muslim-muslimah sing poso syawal sakwise poso romadhon. Masyarakat Pekalongan biyene biasa ngelakokake poso syawal nem dina langsung sakwise bodho, dadi mulai loro syawal nganti tanggal pitu syawal. Sahengga pas wektu bodho maupun sakwise mereka ora ngerayake kanthi mewah karo mangan-mangan, baru sakwise poso syawal rampung mereka ngerayake bareng-bareng.

BUDAYA PEK CHUN ING PEKALONGAN

Budaya Pek Chun asli meh padha karo budaya sedekah laut utawa nyadran, tradisi iki dilakokake karo warga Tionghoa ing kutha Pekalongan. Prinsipe acarane padha Cuma penyelenggara, isi perahu lan waktune sing bedha. Tradasi Pek Chun dilakokake karo masyarakat Tionghoa miturut kalender china wektu perayaan taun baru china utawa imlek, acara sing ngiringi budaya Pek Chun yaiku pentas seni barongsai lan kesenian masyarakat china laine sarta mangan bareng lan pelaksaan lan macem-macem lomba. Jumlah pengunjung wektu pelaksanaan nyadran lan pek chun nganti ewunan wongm sing asale saka kabeh pelosok kutha Pekalongan lan masyarakat. 

TRADISI BUDAYA SADRANAN ING KUTHA PEKALONGAN

Sadranan yaiku tradisi masyarakat nelayan kanggo mensyukuri asil laut sing dewene oleh saka laut, bentuk rasa syukur diwujudkake ing salah siji acara sing ngelibatke kabeh nelayan sarta keluargane. Kanggo nelayan daerah Pekalongan, sadranan utawa sedekah laut biasane dilakokake setiap taun. Perayaan sadranan ing kana dilakokake bareng karo perayaan dina pelayan, utawa dina koperasi, utawa pitulas agustusan.
            Miturut harfiah, sedekah laut asale saka tembung sodaqoh sing artine nyisihke sebagian rezaki sing dewe oleh sing kemudian dikek.e karo wong-wong sing butuhake. Rezeki sing diperoleh saka Allah anggo pegawean ngelaut ikulah sing lomba, pasar murah, perunjukan kesenian, lan liya-liyane. Ing acara sadranan kasebut, kabeh masyarakat nelayanora ngelakokake ritual.

            Tembung ritual asale saka tembung “spiritual” yaiku aliran ing ilmu kasunyatan sing memungkiri kejasmian lan ngupas kabehane biyen nganti sak iki, macem-macem symbol sing diwujudkake ing ritual sadranan kayata sumber kauripan dilambangke karo air sing dijupok saka pitu sumber, kasenengan disimbolkake saka dolanan anak-anak, keselamatan sing dilambangke karo bubur abang putih, pelestarian alam sing dilambangke ikan, pangorbanan lan keikhlasan dilambangke ndas kebo, kemuliaan dilambangke karo bentuk duet, umah, janur kuning lan bumbu kuning , sarta keteladanan sing dilambangke karo wit pisang, pail an tebu. 

ASAL-USUL TARI SERIMPI

Muncule tari serimpi iki awale saka jaman kejayaan Kerajaan Mataram, wektu Sultan Agung memerintah taun 1613-1646. Tarian iki dianggep sakral amarga cuma dipentaske ing lingkungan keraton kanggo ritual kenegaran nganti peringatan munggahe tahta Sultan, wektu taun 1775 Kerajaan Mataram pecah dadi Kesultanan Yogyakarta lan Kasultanan Surakarta. Pecahe iki imbas wektu tari serimpi, sahengga kedadean perbedaan gerakan. Nanging inti saka tariane iseh padha, tari iki muncul ing lingkungan Keraton Surakarta sekitar taun 1788-1820 lan mulai taun 1920-an lan seteruse.

            Latian tari klasik iki dilebokake ing jero pelajaran taman-taman siswa Yogyakarta lan jero kumpulan tari sarta karawitan Krida Beksa Wirama, sak wise Indonesia merdeka. Tari iki sateruse uga diajarke ing akademi-akademi seni tari lan karawitan pemerintah, ing Solo apa maneh ing Yogyakarta. 

KESENIAN BATIK JAWA

Kesenian batik yaiku kesenian gambar ing dhuwur kain kanggo kelambi sing dadi salah siji kebuadayaan keluarga kerajaan ing zaman biyen, khususe ing Kerajaan Mataram terus Kerajaan Solo lan Yogyakarta.
            Awale batik digawe terbatas ing keraton wae lan hasile kanggo kelambi Raja, keluargane, lan para pengikute. Amarga akehe pengikut Raja sing tinggal ing jobo keraton, dadi kesenian batik iki digawa karo mereka metu keraton kanggo digawe ing panggonane dhewe-dhewe. Wis zamane modern, kesenian batik iki ditiru karo rakyat lan kanggo pagawean kaum wong wedok ing umahe kanggo ngisi wektu kosong. Selain kuwi, batik sing awale Cuma kanggo keraton akhire dadi pakaian rakyat sing disenengi wong lanang lan wong wedok.

            Biyen bahan kain putih sing dihunakake kanggo mbatik yaiku hasil saka gaweane dewe, pewarnane dijupok saka wit-witan asli Indonesia. Beberapa bahan pewarna kasebut kayata pohon mengkudu, soga lan nila. Bahan sodane digawe saka soda abu lan garame saka lemah, sentra kerajinan batik kasebar ing daerah Pekalongan, Surakarta, lan Sragen. 

SEJARAH BABAGAN BEDHAYA KETAWANG

Bedhaya ketawang yaiku tarian sacral sing rutin digawakake ing istana sultan Jawa, bedhaya ketawang uga disebut tarian langit. Bedhaya ketawang merupakan upacara sing berupa tarian, karo tujuan pemujaan lan nyembahake karo Sang Pencipta.
            Saka awal mulane ing Keraton Surakarta, tarian iki cuma dilakokake karo pitu wong wedok wae. Nanging amarga tarian iki dianggep tarian khusus sing wis sakral, jumlah penari terus ditambah dadi wong sanga. Sanga penari saka wolu penari putra-putri sing iseh ana hubungan darah lan kekerabatan saka keraton serta penari gaib sing dipercaya kanggo sosok Nyai Roro Kidul.

            Tarian iki diciptakake karo Raja Mataram ketelu, Sultan Agung (1613-1646) karo latar belakan mitos katresnan Raja Mataram pertama (Panembahan Senopati) karo Kanjeng Ratu Kidul. Kanggo tarian sakral, ana aturane lan upacara ritual sing kudu dilakokake karo keraton uga kabeh penari. 

KIRAB SEWU APEM

Kirab sewu apem yaiku acara ritual syukuran masyarakat kampong sewu, Solo, Jawa Tengah sing diadakake tiap wulan kaji (wulan zulhijah-kalender penanggalan islam).

            Ritual syukuran iku diadakake kanggo ngenalke kampong Sewu kanggo sentra produksi apem karo kabeh masyarakat sekalian ngregani para sing gawe ape, selaen iku upacara ritual syukuran iki digawe kanggo ungkapan rasa syukur karo Tuhan. Amarga desa lan tempat tinggal mereka kehindar saka benca, jare ketua panitia apem sewu pak Hadi Sutrisno “letak kampong Sewu Solo iki anane ing pinggir kali Bengawan Solo iku termasuk daerah sing sering banjir.” Makane masyarakat mensyukuri, tradisi apem sewu awale saka amanah sing disampekake Ki Ageng Gribig karo kabeh warga kanggo gawe 1000 apem lan bagekake karo masyarakat kanggo wujud rasa syukur. Wis zamane modern, ritual kirab apem sewu iki diawali karo kirab budaya warga Solo sing nganggo kelambi adat Solo. Kayata kebaya, tokoh punakawan, lan pasukan keratom. Bocah-bocah sekolah uga dadi peserta kirab karo nampilake marching band SD, atraksi naga, macem-macem pertunjukan tarian tradisional lan teater. Sewu apem sing wis disusundadi gunungan iku diarak saka lapangan kampong Sewu nganti area sekitar kampong sakdawanane loro kilometer, acara kirab dimulai nganti sedina. Sing dimulai karo prosesi nyerahake bahan panganan (uba rampe)sing gawe apem saka masyarakat Solo karo sesepuh kampong Sewu ing lapangan kampong Sewu, Solo. 

NGENAL KERIS JAWA

Keris ing kalangan masyarakat Jawa ngelambangake kanggo symbol “kejantanan” lan kadang yen amarga suatu sebab penganten lanange ana halangan teka ing upacara temu pengantin, dadi dewene diwakili sebilah keris. Keris yaiku lambing pusaka, ing kalender masyarakat Jawa ngirabkake pusaka unggulan keraton yaiku kepercayaan gede wektu dina siji sura. Keris pusaka utawa tombak pusaka yaiku unggulan iku keampuhane udu wae amarga digawe saka unsure besi baja, besi, nikel , sok dicampur karo unsure batu meteoroid sing tiba saka angkasa dadi kokoh kuat. Nanging cara gaweane karo iringan doa karo sang maha pencipta alam (Allah SWT) karo upaya acara spiritual karo Sang Empu, dadi kekuatan spiritual Sang Maha Pencipta Alam iku dipercaya karo wong kanggo kekuatan magis utawa mengandung tuah sahengga bisa ngaruhi pihak lawan dadi keweden karo sing nganggo senjata pusaka iku. 

WAYANG KULIT

Kesenian wayang kulit ing bentuke yang asli timbul sakdurunge kebudayaan Hindhu melbu ing Indonesia lan mulai berkembang ing jaman Hindhu Jawa, Pertunjukan kesenian wayang yaiku sisa-sisa upacara keagamaan wong Jawa yaiku sisa-sisa saka kepercayaan animisme lan dinamisme. Menurut kitab centini , babagan asal-usul wayang purwa disebutkake yen kesenian wayang mula-mula sekali diciptakake karo Raja Jayabaya saka Kerajaan Mamenang Kediri. Sekirane abad ke-10 Raja Jayabaya berusaha nyiptakake gambaran saka roh leluhure lan digoreske ing dhuwur godhong lontar, bentuk gambaran wayang kasebut ditiru saka gambaran relief cariyos Ramayana ing candi penataran Blitar. Cariyos Ramayana dianggep kanggo penjelmaan utawa titisan Batara Wisnu, figure tokoh sing digambar kanggo pertama kaline yaiku Batara Guru utawa Sang Hyang Jagadnata yaiku perwujudan saka Dewa Wisnu . 

BASA UTAWA DIALEK ING JAWA TENGAH

Walaupun basa Indonesia kuwi basa resmi, umume separone nggunakake basa jawa kanggo basa kebiyasaan. Basa jawa dialek solo-jogja kuwi basa jawa standar, ing kana iseh ana dialek jawa yakni secara umum dialek kulonan lan timuran. Dialek kulonan di gunakake ing daerah barat, yen dialek timuran digunakake ing daerah timur Jawa Tengah. Yaiku dialek Solo lan dialek Semarang, ana maneh dialek campuran ing tengah-tengah dialek Solo lan Semarang yaiku Dialek Pekalongan lan Kedu. Ing wilayah sunda ana  daerah Brebes bagian selatan lan Cilacap bagian utara.
            Macem-macem dialek ana ing Jawa Tengah :
1.    Dialek Pekalongan
2.    Dialek Kedu
3.    Dialek Bagelen
4.    Dialek Semarang
5.    Dialek pantai utara timur ( Jepara, Rembang, Demak, Kudus, Pati )
6.    Dialek Blora
7.    Dialek Surakarta-solo
8.    Dialek Yogyakarta
9.    Dialek Madiun
1. Dialek banyumasan

1. Dialek Tegal-Brebes

KEBUDAYAAN SUKU ING JAWA TENGAH

Mayoritas penduduk Jawa Tengah yaiku suku jawa, Jawa Tengah niku biyasa kanggo pusat budaya jawa. Ing kutha Surakarta lan Yogyakarta ana pusat Kraton sing iseh ana ngasi sak iki, suku sing iseh minoritas yaiku suku Tionghoa. Biyasane suku Tionghoa kuwi ana ing kutha nanging ing desa uga iseh ana. Biyasane suku iku bisnise ana ing dagang lan jasa, kumpulan Tionghoa kuwi wis bareng karo suku Jawa. Apa maneh suku nganggo basa jawa karo logat sing wis kenthel,

            Sebenere ing Jawa Tengah iki suku akeh, nanging suku-suku kuwi wis biyasa naganggo basa jawa. Dadi Jawa Tengah kuwi wis akeh wonge lan macem-macem sukune. Walaupun bedha suku, nanging mereka bisa kumpul bareng lan bisa ngerteni suku liyane. 

NALENI UTAWA LAMARAN

Naleni yaiku tradisi sak durunge nikahan ing daerah Pekalongan, naleni iki biyasane diadakake ing desa-desa. Yen ing kotane dewe ya arane lamaran, nanging setiap desa kadang arane bedha-bedha. Barang sing biyasa dinggo ing acara naleni iki yaiku jajanan sing diwadahi ing toples utawa blek, wedhus, lan bahan masak kaya beras. Acara naleni iki sing teka kuwi udu keluarga calon manten lan udu mantene uga, nanging sing teka kuwi tangga-tanggane lan sing nggo perwakilan kanggo nyerahke barang sing kadi calon manten lanange yaiku sedulure. Dadi naleni lan lamaran kuwi bedha acarane, yen lamaran kuwi kan biyasane sing teka keluarga lanange lan calon manten lanang.
            Naleni iki diadakake kanggo naleni calon manten wedok, supaya wedoke kuwi rak bisa dijupuk wong liya. Ing acara iki biyasane keluarga wedoke wektu nyambut saka keluarga lanang yaiku padha masak-masak lan nyiapkake kanggo sangu baline keluarga lanange kuwi kanggo ngurmati saka keluarga lanange, wektu wis melbu kuwi acarane nyerahke barang sasrahan saka lanange reng keluarga wedoke. Wektu wis ditampa keluarga wedoke, keluarga lanange takon ing keluarga wedoke yen wis siap durung nerima lamaran saka keluarga lanange. Wis rampung acara takon-pitakon keluarga wedoke ngetokake panganan kanggo tamu, lan para tamu padha mangan ing kana karo ngenteni jawaban saka keluarga wedoke. Rampung mangan keluarga wedoke metu lan jawab saka pitakonan saka keluarga lanange, yen keluarga wedoke nerima lamarane. Sasrahan mau diterima, nanging yen ora nerima lamarane sasrahan mau dibalekake ing keluarga lanange.

            Rampung acarane, tinggal nyiapke acara kanggo nikahane. Biyasane acara nikahane kuwi luwih suwi saka acara lamarane, amarga kudu siap mental lan kudu siap keuangane. Ing desa Pekalongan rak ana sing arane tunangan, biyasane bar ditaleni utawa dilamar langsung nikah rak tunangan dike. Nanging yen ing kotane kayane ijek ana acara tunangan, yen ana acara tunangan bearti rak ana acara lamaran. 

Selasa, 22 Desember 2015

WERNA-WERNI TARIANJAWA TENGAH

Ing seni tari ing Jawa Tengah, ana telung jinis tari yaiku :
1. Tari Klasik
2. Tari Tradisional
3. Tari Kreasi Baru


1. Tari Klasik Jawa Tengah 
     a. Tari Bedhaya
          tari bedhaya iki maknane katresnan. 

     b. Tari Gambyong Jawa Tengah
          tari gambyong iku kanggo pemnyambutan tamu utawa wetku resepsi nikahan. 
     
     c. Tari Bondan
          tari bondan iki saka Surakarta Jawa Tengah, tari bondan iki ngelambangke seorang ibu jaga anake.

     d. Tari Serimpi
          tari serimpi yaiku tarian  sing bernuansa mistik, tarian iki saka Yogyakarta. 

     e. Tari Beksan Wireng
            tari beksan wireng iku nggambarake ketangkasan ing latian perang karo nggunakake alat perang.

2. Tari Tradisional Jawa Tengah
     a. Tari kuda lumping
            tari iki isine hiburan, ritual, lan religi.

     b. Tari jahtilan.
            tari jatilan nggambarake peperangan karo numpaki kuda lan gowo senjata pedang.

     c. Tari kethek ogleng.
           tari kethek ogleng yaiku tarian sing gerakane niru karo tingkah lakune kethek. tari kethek ogleng iki asale saka cariyos Kerajaan Jenggala lan Kediri.  

     d. Tari sintren 
         tarian iki yaiku tari tradisional masyarakat Jawa, khususe kanggo daerah Pekalongan. 

3. Tari Kreasi Jawa Baru
     a. Tari prawiraguno
          tari iki nggambarake seorang prajurit sing lagi latian nganggo perlengkapan senjata kayata pedang kanggo nyerang musuh lan alat tameng kanggo ngelindungi saka musuh. 

     b. Tari kumbang
           tari kumbang iki nggambarake sepasang kumbang lagi ngisap sari bunga ing taman. 

      c. tari wira pertiwi
           tari iki nggambarake kepahlawanan seorang prajurit wedok saka Jawa. 

WERNA-WERNA BUDAYA INDONESIA TULADHA SENI LAN BUDAYA TRADISIONAL DAERAH ING INDONESIA

Minangka generasi sabanjure Indonesia, ing 2015 kita uga pangarep-arep kanggo bangsa INDONESIA.
Negara Indonesia banget sugih ing seni lan budaya. Miwiti saka mburi kulon pulo ing sisih wétan. Akeh lan manéka jinis-jinis budaya Indonesia sing perlu penghargaan lan kudu ing ngreksa. Senajan marang karusakane budaya manca rawuh ana kudu ana kabeh pihak kanggo budaya Indonesia bisa ngelestarike kanggo anak lan putu Indonesia teka kita.
Sing liya bisa tresna Budaya piyambak digunakake kita minangka warga INDONESIA. Unik kita minangka bagéan saka pendhudhuk Indonesia kadhangkala nglalekake budaya dhewe lan bangga budaya manca, nanging bangsa-bangsa liya bener kasengsem ing budaya Indonesia. Ana uga sawetara budaya asli Indonesia ing aku mlebu negara tanggané.
Budaya Indonesia kombinasi akeh jinis budaya lokal ing Indonesia saka Sabang kanggo Merauke banget unik lan warna kiro-kiro saka seni tari tradhisional, upacara, sandhangan tradisioanl, panganan khas, adat. Senajan iku beda pinggiran tetep siji sing Nyawiji ing Bhinéka.
tuldha werna-werna budaya Indonesia kuwi tari bisa maca ing Macam Macam Tari Tari Ing Indonesia Traditional Local Lan asal Sawijining utawa are looking Artikel Budaya Lokal ing Provinsi Indonesia. Kabèh budaya saka wilayah Indonesia kang asalé saka persatuan saka budaya warna kabeh suku-suku ing Indonesia minangka bagéyan integral saka budaya Indonesia.
Budaya tradisional Indonesia wilayah senadyan macem-macem jinis nanging Sejatine kawangun lan banget sing dipengaruhi dening budaya gedhe saka njaba minangka asalé saka Cina budaya, budaya India budaya Arab. Waca Spare Parts List Jeneng Rate Ing Regions Indonesia Waca lan maca conto seni lan budaya Indonesia.

Minggu, 20 Desember 2015

Makna Setiap Kegiatan dalam Tata Upacara Pernikahan Adat Jawa

Pernikahan yaiku acara ingkang sakral kanggo umume budaya, termasuk Jawa. Amarga iku, prosesi nikahan mesti dilakokake karo khidmat lan simbol-simbol ingkang menyertai biasane yaiku doa-doa kanggo keluarga anyar sing bakal ngelakokake urip bareng saklawase.
mangkono uga karo apa sing kedaden ing prosesi nikahan putra sulung Presiden Jokowi Gibran Rakabuming Raka lan Selvi Ananda. lorone bakal nikah pada 11 Juni 2015 ing Solo, Jawa Tengah nganggo adat Jawa. 

nggolek dina apik
seri upacara padha sing dilakokake penganten kanggo mbecikake kabeh tumindak hubungane urip sapaturon supaya mbentuk kulawarga lan terus garis keturunan.
Ing nganakake prosesi nikahan, Jawa tansah mesti nggoleki dina apik, punika perlu ing wawasan saka loro pitungan pakar adhedhasar pathokan Primbon Jawa. Nemu dina apik , banjur sasi sadurunge upacara, putri secara fisik disiapake kanggo mimpin gesang nikah, ing cara dipijeti dheweke weteng lan Jamu diwenehi dening ahli.