Rabu, 13 Januari 2016

PUNAKAWAN


punakawan iku asale saka tembung→ Puna = Ngerti, Kawan = kanca, wong/konco seng ngerti karepotane bendarane.  punakawan kuwi ana 4 yaiku :

1)      Semar
Bathara Ismaya ingkang tumurun ing donya
Swantenipun alus, sareh/sabar boten kesesa wicaranipun
Wataipun sabar lan wicaksana.
2)      Gareng
Swantenipun alit, remen gojegan, asring srembana nanging tetep titis ing wicara
Wataikipun setya lan remen tetulung.
3)      Petruk
Adhinipun Gareng
Swantenipun kemrecek lan remen gojegan
Petruk=patrap, tegese pinter mapanake dhiri
Watakipun sae, remen dhateng kautamen.
4)      Bagong
Swantenipun radi ageng, alon, pinter damel lelucon, radi ngeyelan
Kadhang kala grusa-grusu kirang petung nanging jujur
Mripatipun amba, tutukipun ndower.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar