Rabu, 13 Januari 2016

GEGURITAN

geguritan iku uran uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang,nanging guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu ora ajek,dene miturut subalidinata(1994:45)geguritan yakuwi iketaning basa kang memper syair. Tuladhane : 


Sega kendeuri ngger anakkuaku tak kandha
Coba dirungu la dirasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangan kang aji
Nalika bapak isih cilik
Sega iki tanah dirayah
marga jaman emana larang upa
ora saben dina muluk sega

Beda karo saiki
Sega kenduri ra diajeni
Mangka sega iki mberkahi
Diwenehke kanthi ikhlasing ati
Mula ya ngger. . . .
Sega iki aja dingo dolanan
yen pacen gelem ayo dipangan
Dene yen gemang pasrahna liyan
Kareben sega iki kepangan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar