Rabu, 13 Januari 2016

AKSARA JAWA

macem,e aksara jawa iku ana 20 lan biyasane ana pasangane, yaiku :

PUNAKAWAN


punakawan iku asale saka tembung→ Puna = Ngerti, Kawan = kanca, wong/konco seng ngerti karepotane bendarane.  punakawan kuwi ana 4 yaiku :

1)      Semar
Bathara Ismaya ingkang tumurun ing donya
Swantenipun alus, sareh/sabar boten kesesa wicaranipun
Wataipun sabar lan wicaksana.
2)      Gareng
Swantenipun alit, remen gojegan, asring srembana nanging tetep titis ing wicara
Wataikipun setya lan remen tetulung.
3)      Petruk
Adhinipun Gareng
Swantenipun kemrecek lan remen gojegan
Petruk=patrap, tegese pinter mapanake dhiri
Watakipun sae, remen dhateng kautamen.
4)      Bagong
Swantenipun radi ageng, alon, pinter damel lelucon, radi ngeyelan
Kadhang kala grusa-grusu kirang petung nanging jujur
Mripatipun amba, tutukipun ndower.

 

 

RAGAM BAHASA ING JAWA

Ragam bahasa ing Jawa ana 3 yaiku : basa jawa ngoko, jawa krama, lan kama inggil.

 - Basa jawa ngoko : biyasa digunakake wong nom karo sebayane utawa sing luwih cilik.
 - Basa jawa krama : jawa krama iki biyasane digunakake karo wong nom marang wong sih luwih tuwa. nanging basa jawa krama iki jarang dinggo, merga durung padha bisa lan rak padha reti.
 - Basa jawa krama inggil : krama inggil ki luwih apik dibanding karo basa krama  lugu, basa krama inggil iki seringe dinggo ing keraton yen ing desa-desa seringe nganggo basa krama lugu. tuladha :

      ngoko           : lunga
      krama           : tindhak
      krama inggil   : medhal
     

GEGURITAN

geguritan iku uran uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang,nanging guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu ora ajek,dene miturut subalidinata(1994:45)geguritan yakuwi iketaning basa kang memper syair. Tuladhane : 


Sega kendeuri ngger anakkuaku tak kandha
Coba dirungu la dirasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangan kang aji
Nalika bapak isih cilik
Sega iki tanah dirayah
marga jaman emana larang upa
ora saben dina muluk sega

Beda karo saiki
Sega kenduri ra diajeni
Mangka sega iki mberkahi
Diwenehke kanthi ikhlasing ati
Mula ya ngger. . . .
Sega iki aja dingo dolanan
yen pacen gelem ayo dipangan
Dene yen gemang pasrahna liyan
Kareben sega iki kepangan

MACAPAT

Macapat yaiku tembang utawa puisi Jawa, tiap bait macapat duweni baris kalimat sing diarani gatra. Lan tiap gatra duweni jumlah suku kata diarani guru wilangan, yen akhir ing bunyi sajak diarani guru lagu. 

tembang macapat ana 11, yaiku 
1. Mijil
2. Maskumambang
3. Sinom
4. Asmaradana
5. Gambuh
6. Kinanthi
7. Dhandanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

tiap-tiap tembang duweni pangerten bedha-bedha,  artine kuwi saka dilairke nganti mati.

Senin, 28 Desember 2015

MUSIK TRADISIONAL LAN PAKAIAN ADAT SAKA JAWA TIMUR

Musik tradisional Jawa Timur meh padha karo musik gamelan Jawa Tengah, kayata macem laras (tangga nada) sing digunakake yaiku gamelan berlaras pelog lan berlaras slendro. nama-nama gamelan sing ana misale : gamelan kodok ngorek, gamelan munggang, gamelan sekaten lan gamelan gede.
gamelan iki digunakake kanggo ngiringi macem acara, kayata ngiringi pagelaran wayang kulit, wayang wong, ketoprak,tari-tarian, upacara sekaten, kawinan, khitanan, keagamaan, lan kenegaraan. ing Madura musik gamelan sing ana diarani gamelan Sandur. 

pakaian adat Jawa Timur diiarani mantenan, pakaian iki sering digunakake pas kawinan ing masyarakat Magetan Jawa Timur. 



SEJARAH GAMELAN JAWA

Awale alat musik instrument gamelan digawe berdasarkan relief sing ana ing Candi Borobudhur ing abad ke-8, ing relief iki candi kesebut. Ana beberapa ana alat musik sing terdiri saka kendang, suling, dawai lan lonceng.

Gamelan jawa yaiku budaya Hindhu sing diubah Sunan Bonang, kanggo dorong katresnan ing kauripan transedental (alam malakut) tombo ati yaiku salah sijine karya Sunan Bonang. Nganti sak iki tembang kasebut iseh dilagukake karo nilai ajaran islam,  uga ing acara-acara kayata : wayang, hajat nikahan lan acara ritual budaya Keraton.